Fabel merupakan karangan fiksi yang menceritakan tentang kehidupan binatang yang dapat berbicara, dan melakukan kegiatan lain selayaknya manusia. Sudah banyak sekali cerita-cerita fabel yang beredar di masyarakat. Salahsatu cerita fabel yang sangat terkenal dan familiar yaitu cerita fabel tentang seekor binatang yang cerdik yang mampu lolos dari segala masalah dan bahaya dengan kecerdikannya itu. Berikut ini Node Pen sediakan Kumpulan Cerita Fabel Bahasa Jawa tentang Kancil.
|
Cerita Fabel Kancil Bahasa Jawa |
Kancil lan Monyet
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh
jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni
keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila
lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca
batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki
sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi
penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil
teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut
roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil
marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa
Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik
rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan,
kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe
mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring
Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing
adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike,
siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh
bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone
ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak
gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek,
"Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih
gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane
Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan
Kancil. hihihihi
Ahire Kancil
mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti
malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue
kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora
kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.
Kancil
lan Baya
Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir
kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora
kelebon panganan babar pisan. Lho kok bisa kancil ora mangan wiwit wingi?
Critane kaya ngene iki. Desane kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing
ditanduri pak tani padha cmati gabug. Kumangka ngerti dhewe ta, timun kuwi rak
panganane kancil to. Wong sak desa uga padha gumun, kok bisa tanduran timune
padha mati gabug senajan ora ungsum ketiga. Udan tetep mudhun seka langit. Kali
pinggir desa yo ora asat, malah luwih akeh seka adate.
“Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus
wetenge sing katon cilik merga ora ana isine. “Woh-wohan semene akehe kok yo
ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel
atine.
Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa
kuwi kancil ketemu karo kelinci. Kelincine katon bagas waras nandhakake dheweke
wareg. “Lho, Cil, ana apa kowe kok katon lemes”, kelinci ngaruh-aruhi kancil.
“Apa durung mangan kowe Cil”, kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri karo
rada nesu, “ Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa
durung. Ngece kowe!!”. Kelinci kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil
malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar. “Iki mesthi ana apa-apa”, batine kelinci.
“Aku njaluk ngapura ya Cil, yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki
lagi ana masalah. Mbok crita karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi”, kelinci
ngomong alus karo nyedhaki kancil.
“Oooohhh
dadi ngono to critane”, kelinci lagi ngerti masalahe kancil sak wise dicritani
kahanane. “Eh, ngerti opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun.
Aku ngerti dhewe pas pak tani nyabrang numpak prau. Pak tani nyangking timun
gedhe-gedhe tur katon seger-seger”, kelinci nerangake apa sing bar didelok.
“Tur ijo-ijo meling-meling”, kelinci nambahi ujare. Krungu critane kelinci
kancil dadi kemecer. Wetenge dadi saya muni kemrucuk. Idune dadi ngeces.
“Timune gedhe tur seger-seger?”, ujar kancil. “Ya wis aku tak mara rana…!”,
kancil mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo kelinci.
Kancil meneng. Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak
tekane pinggir kali ana ing pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates
desa iki kali gedhe sing akeh bayane. Saking luwene critane kelinci ora dipikir
akeh. Saiki dheweke saya bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya. Tur
dhasare kancil ora isa nglangi. Arep melu prahu mesthi ora entuk mergane kancil
wis kondhang tukang nyolongi timune pak tani. Arep liwat kerteg gedhe kudu
mlaku ndhisik telung dina telung wengi. Kancil saya bingung. Munine weteng saya
sero. “Krucuk… krucuk… krucuk….”. Ora let suwe mripate abang mbranang mbrebes
mili. Iluhe netes. Nangis. Ora sadhar, merga disurung karo kahanan wetenge,
kancil mlaku maju. Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik.
“Whoooooaaaaahhhh”.
Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil. Tangane wis nyekeli sikile
kancil. “Wis, Cil. Saiki kowe wis ora isa ucul seka aku. Aku arep nguntal
awakmu. Ha ha ha ha ha…”. Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing
katon kuru mau. Kancil ndredheg, meh semaput. Ning dhasar kancil, nek kepepet
kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.
“Sabar…
sabar… sabar….pak baya… sabar”. Kancil wiwit muter mikire. “Aku iki jan jane
diutus karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng nabi arep maringi rejeki marang kaum
baya kabeh. Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng
kali iki”, kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal
baya. Sak durunge baya mikir dawa kancil nerusake critane. “Ning ndilalahe
mripatku wingi lara ora isa ndeleng meneh. Delengen mripatku iki. Abang
mbranang tur mbrebes mili banyune. Iki merga mripatku lara. Aku ora bisa ndelok
kowe kabeh, dadine aku ora isa ngetung siji siji kowe karo kancamu”. Kancil
saya kendel omonge merga krasa sikile baya saya kendo olehe nggoceki.
“Lha terus
piye…..”, baya-baya padha mbengok bareng bareng. Kancil saya seneng terus
ngandhani carane. “Kowe kabeh saiki baris jejer jejer seka pingir kali iki
tekan pinggir kali kana. Aku terus ngetungi siji-siji karo mlumpat gegermu. Ben
aku ora lali olehe ngetung, pas aku ngidak gegermu sing diidak kudu ngitung
dhewe urut.”
Bar dikandhani carane, baya-baya sing wis ngumpul mau padha
bubar terus nata dhewe dhewe kathi urut. Kahanan katon rame banget. Kancil
ethok ethok ora ndelok. Kancil meneng men diarani wuta tenan karo baya-baya.
Sakwise baya nata kanti urut, baya sing nang pingir dhewe ngundang kancil.
“Kancil, iki wis rampung. Cepet ulek diitung, aku selak kepingin hadiahe seka
Kanjeng Nabi Sulaiman.”. Mega diceluk, kancil miwiti ngancik geger baya siji
mbaka siji. Pas gegere dipidak, baya ngitung karo mbengok. “Siji”, “Loro”.
“Telu”. Lan sakteruse nganti tekan pinggir kali sabrange. Ana telun puluh sanga
cacahe.
Mbasan wis
tekan pinggir kali, kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih
jejer ngenteni. Akhire baya lagi sadhar yen wis diapusi kancil. Kancil saiki
kewaregen timun. (rampung).
Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune
katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha
mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin
supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.
“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya
Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,”
wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung
wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya
wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa
kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane
Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi
piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe,
semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.
Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak.
“Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna,
nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben
kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora
kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu!
Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan
sato kewan liyane ora ana sing padha!”.
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa
mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu
kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!”
kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama
bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah
sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora
sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah.
“Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake
bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”
“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak,
ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil,
Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak
udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina
sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye,
Rak? Iki wis rong minggu!”
“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis
diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu
awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang
minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis
gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake
Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.
Bareng kawawas
wis
ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane.
Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene
wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis
kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem.
“Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake,
dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah
sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing
madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu
lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok
ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti
awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu,
aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane
Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil
mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune
kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh
sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga
weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda,
“Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging
sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite
Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake.
Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung!
Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak
krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe
gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni.
Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik,
edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket
ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing
katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat.
Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna
lan bathine.
Kancil
Dadi Raja
Sawijining dina, nalika
Kancil sing golek ngombe ing kali dumadakan krungu suara tangisan. Kancil
banjur goleki saka ngendi arah swara tangisan iku. Dheweke kaget, sawise weruh
singa gedhe banget siap kanggo mongso kelinci sing pada keweden banget.
Senadyan kancil ugo wedi, nanging supaya para kelinci pada slamet saka Singo
banjur kancil njedul saka panggonane. Karo udara saka gabungan-normal, deweke
nggolek nyedhaki marang singa lan Kelinci.
Karo gaya kaya ora ngerti
apa kedaden, Kancil nyalami "Wow .. iki muter apa / misale jek macem. Apa
ngirim aku bukak? ". Takon marang Kelinci. Weruh rawuh Kancil sing
dumadakan, singa banjur kaget lan ngomong "dasar kancil bodho. Ora
ngerteni yen aku lagi luwe. Saiki koe sik bakal tak pangan". Ngandika
singa. Karo nggaya Kancil nanggapi "ora .. kok dadi wedi? Pancen, napa aku
kudu wedi? Aku sing dipigunakaké marang bebaya? Kabeh aku bisa ngalahake.
Kiro-kiro saka baya, macan, malah manungsa uga wis tau tak kalahake. Aku Sang
Raja ana hutan iki, opo sampeyan ngerti? ". Ngandika Kancil. Singa kaget
krungu jawaban saka Kancil. Njedhul penasaran ana atiné kanggo mbuktekake saka
omongane Kancil. "Apa bener?" Pitakone Singa.
"Yen kowe ora pracaya,
kowé bisa takon siji saka penasehatku .. dheweke dari penasihat ku kang tak
percaya ". Mangsuli Kancil maneh. "Sopo kui? Ngendi aku bisa takon
penasehat sing tok omongke kui". Kancil banjur njawab. "Wow ..
iki sampeyan ora ngerti utawa wis gagah ora ngerti? Sing genggem, dheweke
penasehat dipercaya kula. Yen nganti ana apa-apa karo aku, banjur aku bakal ora
cilaka ora bakal ngapura dheweke ". Mangsuli Kancil karo dipikir saka sok
galak. Singa wiwit ing dijamin, mamang, dheweke wiwit kena pengaruh apa sing
dicritake Kancil. Apa liyane, singa ora kalebu kewan anyar ing ngalas iku.
Supaya dheweke ora ngerti tengen bab kabeh kang ana ing ngalas. "Apa iki
tenan ngandika sethitik kewan? Apa rajamu? Lan apa crita iku kabeh bener?
". Takon singa marang Kelinci.
Sadhar yèn Kancil mung
crita kanggo ngapusi, banjur kelinci ngetutake strategi Kancil. "Ya ..
tengen .. iku raja ngalas iki. Naté ngalahake akeh kewan luwih saka sampeyan,
malah mangan dheweke sik pada nglawan.. dheweke dikenal lan di ajeni ing ngalas
iki. Yen koe ora pracaya, kowé bisa takon ing kéwan liyané ing ngalas iki
". ngandika Kelinci. Krungu jawaban kui, jantung singa wedi sethitik.
Banjur wiwit mangu .. nanging pangertèn saka singa minangka tansah mbudidaya
kandel. "Halah .. aku ora bisa pracaya .. yen kabeh sampeyan ngomong iku
bener, ing ngendi iku iso mbukteke?". Takon singa marang Kancil. Nanging
Kancil akeh akale, wektu iki sawijining posisi minangka Kancil dadi
raja hutan ndadekake ngirim katon kuoso. Supaya kang upaya kanggo
tetep kalem ing pasuryan saka singa.
"Koe arep njaluk
bukti? sawetara dina kepungkur, aku uga wis ngalahake akeh singa kaya sampeyan
amarga kemaki ana hutan iki. Aku isih tetep sirahe ing bolongan ing pinggiran
kali minangka mbukteke kanggo kéwan liya sing pada gawe kekacoan ing ngalas.
Yen sampeyan pengin bukti, sampeyan bisa teka karo aku. Nanging yen munggah
kana aja nganti getuni, amarga kabeh sing sumurup lan rahasia bakal kulawarga
ku .. ". omong Kancil. Nanging sanadyan iku diwiwiti ing dijamin, wedi,
bangga iku singa dipeksa wong kanggo pindhah tangan. "Inggih .. sing wedi.
Nanging yen dadi metu sing padha nasaraké kula, sampeyan loro bakal cilaka
kabeh". Ngandika singa. Kelinci dadi hawatir sethitik.
Pungkasanipun, Kancil,
Kelinci, lan singa mlaku menyang pojok kali ing tengah alas. Padha menyang
bolongan ing pinggiran kali, bolongan ana sethitik jero lan peteng. Mung
bayangan saka suryo srengenge kang ndadekake banyu cetha banget ing bolongan
iku dadi mengilap kaya pangilon. "Nah, saiki sing wis teka .. .. nyedako
dhewe singa menyang bolongan kui. Ing bolongan sing wingi aku njaga sirah singa
aku kudu mangan. Iku supaya éca, lan aku ora arep mbuwang kesempatan yen ana
singa liyane aku bisa kanggo mangan maneh. Ngandika Kancil. Karo raos wiwiti
mangu lan wedi, singa iki wani katon menyang bolongan. Wedi kang digawe wong
wani kanggo ndeleng cetha. piyambakipun mung nyoba kanggo Ndeleng piyambak.
Nanging carane cingak piyambakipun nalika ngeleng ing bolongan iku pancene
sirahe singa ora mlebu. Tanpa nunggu isyarat, singa langsung kesusu adoh ing
wedi. Amarga iya ora arep dipangan dening Kancil kaya singa ing bolongan.
Ndelok kedadean kui Kancil
lan Kelinci mung bisa ngguyu. padha bisa kanggo wong bodho siasat singa cantik
arrogant. Bener, ing bolongan sing ora ana apa-apa nanging cukup banyu langit
supaya dadi kaya kaca. Amarga singa mung Ndeleng, dheweke ora sadhar yen sirah
singa kang ing bolongan iku bayangane dhewe. Lan sepisan maneh, Kancil wis
ngatur kanggo nyimpen tema. Senajan dhèwèké ndalang dadi raja hutan, iku bisa
dadi Kancil punika raja nyata. Ora amarga kekuatane, nanging amarga saka
gathekan lan tresna ngewangi kewan liya.
Kancil lan Siput Lomba Mlayu
Dina iki kancil ketemu karo
siput ning pinggir kali. Weruh siput mlakune alon, kancil karo pamer lan
keminter ngomong.
Kancil : “He siput, wani opo ora awakmu lomba
mlayu karo aku?”
Siput : “Iyo, tak tampa tantanganmu lan aja
isin nek ngesuk awakmu dewe sing kalah.”
Kancil : “Ora isa, mosok mlayu sak
dunya gelem dikalahke karo awakmu, siput, kewan mrangkak nomer siji ning dunya.
Yo wis ayo cepet dhewe tentukke mlayune!””
Siput : “Piye nek dina minggu ngesuk, ben
akeh sing nonton.”
Kancil : “Iyo, aku gelem”
Karo ngenteni dina sing wis
direncanaake kui, siput ngatur taktik. Dheweke cepet-cepet ngumpulke rombongan
siput sak akeh-akehe. Ning kumpulan kui, siput gawe semangat kanca-kancane lan
karo greget dheweke pengen ngisin-ngisinke kancil ning ngarep wong akeh. Ning
rembugan kui, disepakati nganggo suara wis mesti nek ning lomba sesuk saben
siput ditugaske ngadek ning suketan pinggir kali. Banjur diatur panggonane
dhewe dhewe. Nek kancil ngundang mengko siput sing ning ngarepe kui
sing jawab lan koyo ngono seteruse.
Saiki wis tekan wektu sing
dienteni kui. Penonton ning kono kebek meni. Penonton teka seka kabeh penjuru
alas.
Kancil lan siput wis siap ning garis start.
Pemimpin lomba ngangkat gendera, tanda lomba wis mulai. Kancil mlayu cepet
meni. Kabeh tenaga ditokke. Keplokkan penonton tambah rame, ngei semangat
marang kancil. Sakwise mlayu pirang-pirang kilometer, kancil mandek. Karo
ambekan ngos-ngosan dheweke ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Amarga siput wis ning ngarepe kancil, kancil
langsung mlayu cepet meni nganti ora ana meneh tenaga sing ana. Bar kui dheweke
ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Wis ping akeh mesti ngono.
Lan entheke kancil bingung lan ora isa mlayu meneh. Sang kancil pasrah lan
ngakoni kekalahane. Penonton kebingungan.
Siput nyambut kemenangane kui karo pringisan
toe. Ora melompat kesenengen kaya dene pemenang lomba biasane.
Pak
Tani lan Kancil
Ing salah sijining deso kang subur lan makmur wargane poro petani sami nandur pari, jagung lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dino ditilik’i lan disirami supoyo subur. Dumadakan ono kewan kancil kang ngrusak tandurane, timune podo dipangan kancil. Esok-esok Pak Tono menyang sawah nilik’i tandurane. Pak Tono kaget.
“Lha... Kok podo rusak kabeh tanduranku. Sopo yo sing ngrusak tanduranku?”. Karo nesu-nesu.
Terus Pak Tono mikir gawe coro supoyo biso nemokke sopo sing ngrusak tandurane. Pak Tono banjur gawe wong-wongan ning sawah kang dilumuri getah karet supoyo biso nangkep sing ngrusak tandurane.
Liyo dino, kewan kancil moro maneh ning sawah mangan timun karo nyedak marang wong-wongan sawah. Tanpo sadar, sikile dipancal-pancalake marang wong-wongan sawah terus sikile kanthil.
“Waduuh... Sikilku kanthil, piye iki ora biso ucul soko wong-wongan iki”.
Kancil
ora sadar Pak Tono teko.
“Lho..
Kowe tho Cil sing ngrusak tanduranku”.
Kancil
terus wedhi.
“Ayo
tak gowo mulih marang omahku”.
“Ampun
Pak, ampun... Kulo salah, kulo nyuwun pangapunten”. Kancil karo nangis.
“Oo..
Yen ngono tak ampuni Cil, tapi sesuk ojo mbok baleni maneh. Yo wes saiki kowe
njogo timunku ning sawah yo. Sesuk yen wayah panen, kowe tak wenehi timune”.
“Nggih
Pak Tono”, Kancil njawab kanthi alus.
Pak
Tono lan kancil wiwit dino iku kerjo bareng ngrumati tanduran timun ning sawah.
Nalikane
panen, Pak Tono ora lali menehi timun kanggo kancil.
“Kancil, iki bagianmu amergo kowe gelem ngewangi aku
njogo sawah”.
“Matur
nuwun Pak Tono”
“Iyo,,
sesuk-sesuk aku ewangi maneh yo!”.
“Nggih
pak”, ujar kancil.
Sakwise,
kancil banjur mlebu ono njero alas kanthi ati bungah.