Node Pen

Home » , » Cerita Fabel Kancil Dalam Bahasa Jawa

Cerita Fabel Kancil Dalam Bahasa Jawa


         Fabel merupakan karangan fiksi yang menceritakan tentang kehidupan binatang yang dapat berbicara, dan melakukan kegiatan lain selayaknya manusia. Sudah banyak sekali cerita-cerita fabel yang beredar di masyarakat. Salahsatu cerita fabel yang sangat terkenal dan familiar yaitu cerita fabel tentang seekor binatang yang cerdik yang mampu lolos dari segala masalah dan bahaya dengan kecerdikannya itu. Berikut ini Node Pen sediakan Kumpulan Cerita Fabel Bahasa Jawa tentang Kancil.

Hasil gambar untuk kancil pada zaman dahulu
Cerita Fabel Kancil Bahasa Jawa

Kancil lan Monyet


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.


Kancil lan Baya


Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan. Lho kok bisa kancil ora mangan wiwit wingi? Critane kaya ngene iki. Desane kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing ditanduri pak tani padha cmati gabug. Kumangka ngerti dhewe ta, timun kuwi rak panganane kancil to. Wong sak desa uga padha gumun, kok bisa tanduran timune padha mati gabug senajan ora ungsum ketiga. Udan tetep mudhun seka langit. Kali pinggir desa yo ora asat, malah luwih akeh seka adate.
“Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine. “Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel atine.
Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa kuwi kancil ketemu karo kelinci. Kelincine katon bagas waras nandhakake dheweke wareg. “Lho, Cil, ana apa kowe kok katon lemes”, kelinci ngaruh-aruhi kancil. “Apa durung mangan kowe Cil”, kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri karo rada nesu, “ Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!”. Kelinci kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar. “Iki mesthi ana apa-apa”, batine kelinci. “Aku njaluk ngapura ya Cil, yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah. Mbok crita karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi”, kelinci ngomong alus karo nyedhaki kancil.
“Oooohhh dadi ngono to critane”, kelinci lagi ngerti masalahe kancil sak wise dicritani kahanane. “Eh, ngerti opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun. Aku ngerti dhewe pas pak tani nyabrang numpak prau. Pak tani nyangking timun gedhe-gedhe tur katon seger-seger”, kelinci nerangake apa sing bar didelok. “Tur ijo-ijo meling-meling”, kelinci nambahi ujare. Krungu critane kelinci kancil dadi kemecer. Wetenge dadi saya muni kemrucuk. Idune dadi ngeces. “Timune gedhe tur seger-seger?”, ujar kancil. “Ya wis aku tak mara rana…!”, kancil mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo kelinci.
Kancil meneng. Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali ana ing pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh bayane. Saking luwene critane kelinci ora dipikir akeh. Saiki dheweke saya bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya. Tur dhasare kancil ora isa nglangi. Arep melu prahu mesthi ora entuk mergane kancil wis kondhang tukang nyolongi timune pak tani. Arep liwat kerteg gedhe kudu mlaku ndhisik telung dina telung wengi. Kancil saya bingung. Munine weteng saya sero. “Krucuk… krucuk… krucuk….”. Ora let suwe mripate abang mbranang mbrebes mili. Iluhe netes. Nangis. Ora sadhar, merga disurung karo kahanan wetenge, kancil mlaku maju. Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik.
“Whoooooaaaaahhhh”. Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil. Tangane wis nyekeli sikile kancil. “Wis, Cil. Saiki kowe wis ora isa ucul seka aku. Aku arep nguntal awakmu. Ha ha ha ha ha…”. Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing katon kuru mau. Kancil ndredheg, meh semaput. Ning dhasar kancil, nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.
“Sabar… sabar… sabar….pak baya… sabar”. Kancil wiwit muter mikire. “Aku iki jan jane diutus karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng nabi arep maringi rejeki marang kaum baya kabeh. Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng kali iki”, kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal baya. Sak durunge baya mikir dawa kancil nerusake critane. “Ning ndilalahe mripatku wingi lara ora isa ndeleng meneh. Delengen mripatku iki. Abang mbranang tur mbrebes mili banyune. Iki merga mripatku lara. Aku ora bisa ndelok kowe kabeh, dadine aku ora isa ngetung siji siji kowe karo kancamu”. Kancil saya kendel omonge merga krasa sikile baya saya kendo olehe nggoceki.
“Lha terus piye…..”, baya-baya padha mbengok bareng bareng. Kancil saya seneng terus ngandhani carane. “Kowe kabeh saiki baris jejer jejer seka pingir kali iki tekan pinggir kali kana. Aku terus ngetungi siji-siji karo mlumpat gegermu. Ben aku ora lali olehe ngetung, pas aku ngidak gegermu sing diidak kudu ngitung dhewe urut.”
Bar dikandhani carane, baya-baya sing wis ngumpul mau padha bubar terus nata dhewe dhewe kathi urut. Kahanan katon rame banget. Kancil ethok ethok ora ndelok. Kancil meneng men diarani wuta tenan karo baya-baya. Sakwise baya nata kanti urut, baya sing nang pingir dhewe ngundang kancil. “Kancil, iki wis rampung. Cepet ulek diitung, aku selak kepingin hadiahe seka Kanjeng Nabi Sulaiman.”. Mega diceluk, kancil miwiti ngancik geger baya siji mbaka siji. Pas gegere dipidak, baya ngitung karo mbengok. “Siji”, “Loro”. “Telu”. Lan sakteruse nganti tekan pinggir kali sabrange. Ana telun puluh sanga cacahe.
Mbasan wis tekan pinggir kali, kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih jejer ngenteni. Akhire baya lagi sadhar yen wis diapusi kancil. Kancil saiki kewaregen timun. (rampung).



Kancil lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.
Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”.
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”
“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”
“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.




Kancil Dadi Raja

Sawijining dina, nalika Kancil sing golek ngombe ing kali dumadakan krungu suara tangisan. Kancil banjur goleki saka ngendi arah swara tangisan iku. Dheweke kaget, sawise weruh singa gedhe banget siap kanggo mongso kelinci sing pada keweden banget. Senadyan kancil ugo wedi, nanging supaya para kelinci pada slamet saka Singo banjur kancil njedul saka panggonane. Karo udara saka gabungan-normal, deweke nggolek nyedhaki marang singa lan Kelinci.
Karo gaya kaya ora ngerti apa kedaden, Kancil nyalami "Wow .. iki muter apa / misale jek macem. Apa ngirim aku bukak? ". Takon marang Kelinci. Weruh rawuh Kancil sing dumadakan, singa banjur kaget lan ngomong "dasar kancil bodho. Ora ngerteni yen aku lagi luwe. Saiki koe sik bakal tak pangan". Ngandika singa. Karo nggaya Kancil nanggapi "ora .. kok dadi wedi? Pancen, napa aku kudu wedi? Aku sing dipigunakaké marang bebaya? Kabeh aku bisa ngalahake. Kiro-kiro saka baya, macan, malah manungsa uga wis tau tak kalahake. Aku Sang Raja ana hutan iki, opo sampeyan ngerti? ". Ngandika Kancil. Singa kaget krungu jawaban saka Kancil. Njedhul penasaran ana atiné kanggo mbuktekake saka omongane Kancil. "Apa bener?" Pitakone Singa.
"Yen kowe ora pracaya, kowé bisa takon siji saka penasehatku .. dheweke dari penasihat ku kang tak percaya ". Mangsuli Kancil maneh. "Sopo kui? Ngendi aku bisa takon penasehat sing tok omongke kui".  Kancil banjur njawab. "Wow .. iki sampeyan ora ngerti utawa wis gagah ora ngerti? Sing genggem, dheweke penasehat dipercaya kula. Yen nganti ana apa-apa karo aku, banjur aku bakal ora cilaka ora bakal ngapura dheweke ". Mangsuli Kancil karo dipikir saka sok galak. Singa wiwit ing dijamin, mamang, dheweke wiwit kena pengaruh apa sing dicritake Kancil. Apa liyane, singa ora kalebu kewan anyar ing ngalas iku. Supaya dheweke ora ngerti tengen bab kabeh kang ana ing ngalas. "Apa iki tenan ngandika sethitik kewan? Apa rajamu? Lan apa crita iku kabeh bener? ". Takon singa marang Kelinci.
Sadhar yèn Kancil mung crita kanggo ngapusi, banjur kelinci ngetutake strategi Kancil. "Ya .. tengen .. iku raja ngalas iki. Naté ngalahake akeh kewan luwih saka sampeyan, malah mangan dheweke sik pada nglawan.. dheweke dikenal lan di ajeni ing ngalas iki. Yen koe ora pracaya, kowé bisa takon ing kéwan liyané ing ngalas iki ". ngandika Kelinci. Krungu jawaban kui, jantung singa wedi sethitik. Banjur wiwit mangu .. nanging pangertèn saka singa minangka tansah mbudidaya kandel. "Halah .. aku ora bisa pracaya .. yen kabeh sampeyan ngomong iku bener, ing ngendi iku iso mbukteke?". Takon singa marang Kancil. Nanging Kancil akeh akale, wektu iki sawijining posisi minangka Kancil dadi raja hutan ndadekake ngirim katon kuoso. Supaya kang upaya kanggo tetep kalem ing pasuryan saka singa.
"Koe arep njaluk bukti? sawetara dina kepungkur, aku uga wis ngalahake akeh singa kaya sampeyan amarga kemaki ana hutan iki. Aku isih tetep sirahe ing bolongan ing pinggiran kali minangka mbukteke kanggo kéwan liya sing pada gawe kekacoan ing ngalas. Yen sampeyan pengin bukti, sampeyan bisa teka karo aku. Nanging yen munggah kana aja nganti getuni, amarga kabeh sing sumurup lan rahasia bakal kulawarga ku .. ". omong Kancil. Nanging sanadyan iku diwiwiti ing dijamin, wedi, bangga iku singa dipeksa wong kanggo pindhah tangan. "Inggih .. sing wedi. Nanging yen dadi metu sing padha nasaraké kula, sampeyan loro bakal cilaka kabeh". Ngandika singa. Kelinci dadi hawatir sethitik.
Pungkasanipun, Kancil, Kelinci, lan singa mlaku menyang pojok kali ing tengah alas. Padha menyang bolongan ing pinggiran kali, bolongan ana sethitik jero lan peteng. Mung bayangan saka suryo srengenge kang ndadekake banyu cetha banget ing bolongan iku dadi mengilap kaya pangilon. "Nah, saiki sing wis teka .. .. nyedako dhewe singa menyang bolongan kui. Ing bolongan sing wingi aku njaga sirah singa aku kudu mangan. Iku supaya éca, lan aku ora arep mbuwang kesempatan yen ana singa liyane aku bisa kanggo mangan maneh. Ngandika Kancil. Karo raos wiwiti mangu lan wedi, singa iki wani katon menyang bolongan. Wedi kang digawe wong wani kanggo ndeleng cetha. piyambakipun mung nyoba kanggo Ndeleng piyambak. Nanging carane cingak piyambakipun nalika ngeleng ing bolongan iku pancene sirahe singa ora mlebu. Tanpa nunggu isyarat, singa langsung kesusu adoh ing wedi. Amarga iya ora arep dipangan dening Kancil kaya singa ing bolongan.
Ndelok kedadean kui Kancil lan Kelinci mung bisa ngguyu. padha bisa kanggo wong bodho siasat singa cantik arrogant. Bener, ing bolongan sing ora ana apa-apa nanging cukup banyu langit supaya dadi kaya kaca. Amarga singa mung Ndeleng, dheweke ora sadhar yen sirah singa kang ing bolongan iku bayangane dhewe. Lan sepisan maneh, Kancil wis ngatur kanggo nyimpen tema. Senajan dhèwèké ndalang dadi raja hutan, iku bisa dadi Kancil punika raja nyata. Ora amarga kekuatane, nanging amarga saka gathekan lan tresna ngewangi kewan liya.





Kancil lan Siput Lomba Mlayu

Dina iki kancil ketemu karo siput ning pinggir kali. Weruh siput mlakune alon, kancil karo pamer lan keminter ngomong.
Kancil : “He siput, wani opo ora awakmu lomba mlayu karo aku?”
Siput : “Iyo, tak tampa tantanganmu lan aja isin nek ngesuk awakmu dewe sing kalah.”
Kancil : “Ora isa, mosok  mlayu sak dunya gelem dikalahke karo awakmu, siput, kewan mrangkak nomer siji ning dunya. Yo wis ayo cepet dhewe tentukke mlayune!””
Siput : “Piye nek dina minggu ngesuk, ben akeh sing nonton.”
Kancil : “Iyo, aku gelem”
Karo ngenteni dina sing wis direncanaake kui, siput ngatur taktik. Dheweke cepet-cepet ngumpulke rombongan siput sak akeh-akehe. Ning kumpulan kui, siput gawe semangat kanca-kancane lan karo greget dheweke pengen ngisin-ngisinke kancil ning ngarep wong akeh. Ning rembugan kui, disepakati nganggo suara wis mesti nek ning lomba sesuk saben siput ditugaske ngadek ning suketan pinggir kali. Banjur diatur panggonane dhewe dhewe.  Nek kancil ngundang mengko siput sing ning ngarepe kui sing jawab lan koyo ngono seteruse.
Saiki wis tekan wektu sing dienteni kui. Penonton ning kono kebek meni. Penonton teka seka kabeh penjuru alas.
Kancil lan siput wis siap ning garis start. Pemimpin lomba ngangkat gendera, tanda lomba wis mulai. Kancil mlayu cepet meni. Kabeh tenaga ditokke. Keplokkan penonton tambah rame, ngei semangat marang kancil. Sakwise mlayu pirang-pirang kilometer, kancil mandek. Karo ambekan ngos-ngosan dheweke ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Amarga siput wis ning ngarepe kancil, kancil langsung mlayu cepet meni nganti ora ana meneh tenaga sing ana. Bar kui dheweke ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Wis ping akeh mesti ngono. Lan entheke kancil bingung lan ora isa mlayu meneh. Sang kancil pasrah lan ngakoni kekalahane. Penonton kebingungan.
Siput nyambut kemenangane kui karo pringisan toe. Ora melompat kesenengen kaya dene pemenang lomba biasane.



Pak Tani lan Kancil


               Ing salah sijining deso kang subur lan makmur wargane poro petani sami nandur pari, jagung lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dino ditilik’i lan disirami supoyo subur. Dumadakan ono kewan kancil kang ngrusak tandurane, timune podo dipangan kancil. Esok-esok Pak Tono menyang sawah nilik’i tandurane. Pak Tono kaget. 
“Lha... Kok podo rusak kabeh tanduranku. Sopo yo sing ngrusak tanduranku?”. Karo nesu-nesu.
Terus Pak Tono mikir gawe coro supoyo biso nemokke sopo sing ngrusak tandurane. Pak Tono banjur gawe wong-wongan ning sawah kang dilumuri getah karet supoyo biso nangkep sing ngrusak tandurane. 
               Liyo dino, kewan kancil moro maneh ning sawah mangan timun karo nyedak marang wong-wongan sawah. Tanpo sadar, sikile dipancal-pancalake marang wong-wongan sawah terus sikile kanthil.
“Waduuh... Sikilku kanthil, piye iki ora biso ucul soko wong-wongan iki”.
 
Kancil ora sadar Pak Tono teko.
“Lho.. Kowe tho Cil sing ngrusak tanduranku”.
Kancil terus wedhi.
“Ayo tak gowo mulih marang omahku”.
“Ampun Pak, ampun... Kulo salah, kulo nyuwun pangapunten”. Kancil karo nangis.
“Oo.. Yen ngono tak ampuni Cil, tapi sesuk ojo mbok baleni maneh. Yo wes saiki kowe njogo timunku ning sawah yo. Sesuk yen wayah panen, kowe tak wenehi timune”.
“Nggih Pak Tono”, Kancil njawab kanthi alus.
Pak Tono lan kancil wiwit dino iku kerjo bareng ngrumati tanduran timun ning sawah.
Nalikane panen, Pak Tono ora lali menehi timun kanggo kancil.
“Kancil,  iki bagianmu amergo kowe gelem ngewangi aku njogo sawah”.
“Matur nuwun Pak Tono”
“Iyo,, sesuk-sesuk aku ewangi maneh yo!”.
“Nggih pak”, ujar kancil.
Sakwise, kancil banjur mlebu ono njero alas kanthi ati bungah.




0 komentar:

Post a Comment